Jumat, 24 April 2015

Lirik Tembang Jawa




Tiket Suargo

يا امام الرسل يا سندي               انت باب الله معتمدي
فا بدنياي واخرت                    يا رسول الله خدبيدي

Suargo tansah mengo lawange
Dicawesake kanggo sopo wae
Seng kuat imane lan becik ngamale
Rikolo urep ono dunyane
Tiket suargo regane murah
Nanging anehe akeh seng wegah
Tumindak becik angel lakone
Akeh godane lan rintangane
Yen kuat imane slamet uripe
Tiket neroko regane larang
Nanging seng seneng kok pirang - pirang
Tumindak olo pancene gampang
Ojo turuti godane syetan
Seng ngajak marang kasengsaran

Repot

*       حسب ربي جال الله           ما بقلب غير الله
*        نور محمد صلي الله          لا اله الا الله
Repote dadi wong tani Sholate kadang lali
Opo maneh tinuju panen Sholate wes ora kopen
Repote wong garap sawah Sholate sak wayah-wayah
Opo maneh wayahe tandur sholate diundur-undur
Repote dadi pedagang sholate digawe gampang
Opo maneh dagangane laris urung sholat ngakune uwes
Repote dadi soper sholate jarang kepikir
Opo maneh rebutan penumpang
Sholate digawe gampang
Repote dadi pejabat Mikerke nasibe rakyat
Opo maneh wayahe pemilu Rino wengi ora biso turu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar