Syi'ir Tanpo Waton
Al-magfurlah KH Abdurrahman
Wachid (Gus Dur)
Ngawiti ingsun nglaras
Syiiran
Kelawan muji marang
Pangeran
Kang paring rahmat lan
kenikmatan
Rino wengine tanpo
pitungan
Duh
bolo konco priyo wanito
Ojo
mong ngaji Syare'at bloko
Gur
pinter ndongeng, nulis lan moco
Tembe
mburine bakal sengsoro
Akeh kang apal Qur'an
haditse
Seneng ngafirke marang
liyane
Kafire dewe gak digatekke
Yen isih kotor ati akale
Gampang
kabujuk nafsu angkoro
Ing
pepaese gebyare ndunyo
Iri
lan meri sugihe tonggo
Mulo
atine peteng lan nisto
Ayo sedulur jo nglaleake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman
tauhite
Baguse sangu mulyo matine
Kang
aran soleh bagus atine
Kerono
mapan seri ngelmune
Laku
thoriqot lan ma'rifate
Ugo
hakikot manjing rasane
Al-Qur'an Qodim wahyu
minulyo
Tanpo tinulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing njero
dodo
Kumantil
ati lan pikiran
Mrasuk
ing badan kabeh jeroan
Mu'jizat
Rosul dadi pedoman
Minongko
dalan manjinge iman
Kelawan Allah kang moho
suci
Kudu rangkulan rino lan
wengi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir lan suluk jo nganti
lali
Uripe
ayem rumongso aman
Dununge
roso tondo yen iman
Sabar
narimo najan pas pasan
Kabeh
tinakdir saking pengeran
Kelawan konco dulur lan
tonggo
kang podo rukun ojo ngasio
Iku sunahe Rosul kang
mulyo
Nabi Muhammad panutan kito
Ayo
nglakoni sakabehane
Allah
kang bakal ngangkat derajate
Senajan
ashor toto dhohire
Ananging
mulyo maqom drajate
Lamun palastro ing
pungkasane
Ora kesasar roh lan
sukmane
Den gadang Allah swargo
manggone
Utuh mayite ugo ulese
Tidak ada komentar:
Posting Komentar